» » Petuah wong Jowo

Pembaca :
Iki permasalahan “ DUIT”

Nganggo DUIT kowe iso tuku Jam, nanging dudu wektu. Yen pengen wektu, dadi o pengangguran, okeh wektu, iso maen kertu pisan.. Nganggo duit kowe iso tuku Kasur  King Coil.

Tapi ora mesti turu. Yen kowe pengen turu, mbut gawe nganti kesel lan pegel, mangano sing warek, mengko lak keturon dewe.

Nganggo duit kowe iso tuku buku tapi dudu kepinteran. Yen kowe pengen minteri wong gampang carane, ngaku wae entuk watu soko langit, lan iso marikno wong loro..

Nganggo duit kowe iso lungo dokter nanging ora mesti seger waras. Yen ora ndwe duit, temonono mbah dukun...

Karo duit kowe iso tuku posisi tapi ora mesti diregani. Yen pengen diregani kowe kudu dadi pejabat sing sugih lan okeh duite, ojo numpak angkot opo meneh sepeda, paham ra?

Yen ndwe duit iso tuku getih tapi ora mesti urip. Yen ora iso tuku getih modar wae ra popo, wong urip mlarat yo rekoso..

Karo duit kowe iso ngesex tapi ora iso bercinta. Amergo cinta kui soko duit, rupo lan sopan santun. Yen kowe elek tapi isih ndwe duit, ijeh mungkin nemu cinta dibanding kowe elek lan ra ndwe duit. Eling..... iki jaman edan.

Karo duit kowe iso tuku omah,ananging dudu panggon turu. Yen ora ndwe duit mending melu moro tuwo ora lah isin. Mertuwo wedhok biasane seneng ribut, ati ati, wenehono duit lak meneng...

Iki mau petuah soko Cino lan iso gawe mujur. (yen ora kojur) Asline sih soko Belanda. Lho piye leh. Aku dadi bingung. Maksute Cino Belanda ngono go ah

Kirimo copy file iki kanggo sederek sing jan ora ndwe nasib apik. Ora lah kirim duit (rugi kowe yen kirim duit), amergo keberuntungan kuwi ora iso dituku. Ojo kliwat 4 dino, lali mengko yen kesuwen.

Ono wong nemu kiriman iki tahun 1953 (jaman kuwi dudu email, tapi kertas koran)Terus sekertaris e dikongkong nulis 2009 jam sak wise, wong kuwi menang Porkas 99 juta. Piye..kowe gelem ora. Kowe iso menang Togel...jajalen wae.

La pegawene yo dikirimi nanging ora percoyo, majikane isin lan pecat wae. Pegawene nyesel, terus ngirim sidane. Malah dadi sugih kebagian lotere mau Tahun 1967 ono wong nemu pesen iki lan ngguyu ngakak malah dibuang. Anak e loro mencret mencret.

Terus pesen mau digolek i ning tong sampah, digawe okeh lan disebar. 9 dino sak wise anak e wes ora mencret maning malah wes wani mangan pempek pelembang.

Kertu iki wes dikirim karo perri, wong edan soko pati, kono lho pati kidul cedak prapatan portuna. Sak durunge 96 jam klewat, kowe kudu kirim wong 20, paham ra.

Kowe bakal untung 4 dino sak wise ngirim lan nyebar pesen bertuah iki. Ati ati kowe ojo ngguya ngguyu. Malati ki. Kowe ra bakal rugi.

Kertu iki dikirim men kowe ora sial terus. Aku paham kowe ki ra bakat sugih. Saiki kesempatan mu. Yen iki wae ora mempan, berarti kowe pancen bakat mlarat lan rekoso. Kirimo 20 kanggo konco, kenalan, lan keluarga.1 hari sak wise bakal ono berita apik lan kejutan. (lho piye leh, mau 4 dino saiki 1 dino, dasar goblok tenan)



Disclaimer
Oyin Ayashi admits that though we try to describe accurately, we cannot verify the exact facts of everything posted. Postings may contain Information, speculation or rumor. We find images from the Web that are believed to belong in the public domain. If any stories or photos that appear on the site are in violation of copyright law, please write in comment box and we will remove the offending section as soon as possible. (Oyiners = Blog reader)

Above article written by Unknown

bean
Hi there!, You just read an article Petuah wong Jowo . Thank you for visiting our blog. We are really enthusiastic in Blogging. In our personal life we spend time on photography, mount climbing, snorkeling, and culinary. And sometimes We write programming code.
«
Next
Newer Post
»
Next
Older Post

Silakan beri komentar dengan akun facebook Anda