» » Kucing klawu batal nglakoni diet

Pembaca :

Cerito iki seko prapatan dalan Bambanglipuro mBantul Jogja. Suwijining dino mBak Dewi, yaiku sing nduwe warung Bakso ning prapatan dalan Bambanglipuro weruh Kucing Klawu lagi mlaku-mlaku ning ngarep warung baksone.

Jalaran si Kucing Klawu kethoke kaliren, kurang mangan, banjur mBak Dewi kepengen ngenehi mangan. Dheweke ujuk-ujuk mlayu ning tengah ndalan, nyegat lakune kucing klawu mau.

"Sik, sik Cing. Mrene-mrene, mampiro disik, tak wenehi bakso urat"

Kucing klawu mung meong-meong karo gumun. Kok ana uwong nyegat lakune kur arep ngewenehi pangan. Apa saja'e aku kethok kurang pangan yo? batin atine, padahal sejatine aku ki lagi diet.

Jare kanca-kancane awake mulai kelemon. Dadi yo wis wayahe diet. Tur Kucing Klawu yo ngrasakake menawa awake rodo angel diajak mlayu. Ojo meneh ngoyak tikus, kon ngoyak menthog sing mlakune rindik tur megal-megol wae wis ngos-ngosan marga kabotan awak.

Kucing Klawu mikir-mikir nek arep nolak bakso urat wenenhane mBak Dewi. Gek-gek dikiro umuk. ora gelem mangan panganan sing diwenehke dening menungso. Ya uwislah ora popo, aku tak leren diet sedino wae.

Kucing Klawu terus lingguh karo ngetamul mangan bakso. "Wah jebul rasane yo enak tenan je. Bakso urat iki mesthi sing gawe pinter masak. Amargo rasane maknyus banget. Aku pengen tanduk ki. Piye yo carane?" pikir Kucing Klawu.

Kucing klawu marani keset, terus dicokot-cokot karo diemut pojo'ane. Karepe dheweke pengen ngetho'ake nek isih ngeleh. Nanging mBak Dewi ora ngerti karepe kucing. Dikirone si kucing lagi sikatan bar mangan.

"Nek arep sikatan ojo nganggo keset. Iki tak wenehi gombal resik dianggo sikatan" mBak Dewi ngulungke gombal resik marang kucing klawu.

Kucing klawu kaget. Loh aku kok malah diwenehi lap tow. Wong pengene nambah mangan bakso je, kok malah dikon sikatan. Nek ngono aku arep nyobo coro liyane.

Kucing klawu trus nyedhaki suketan ning ngarep Bakso Bambanglipuro. Dheweke mangani suket, tujuane ben mBak Dewi ngerti nek dheweke kepingin nambah. Nyokoti suket trus dipangan, sisone dilepeh meneh ben kethok nek dheweke mangani suket.

mBak Dewi kaget. Lho kucinge kok malah mangani suket. Wah iki mesti dheweke pengen sehat terus mangan sayur-sayuran. Iki mesti kucing kang sadar kesehatan. mBak Dewi seneng, terus njukuk slada arep diwenehke kucing klawu.

"Iki loh tak wenehi slada. Nek pengen lalapan ojo mangan suket, mangan slada wae"

Kucing Klawu tambah kaget. Wah aku kudu mangan slada ki. Kepeksa dheweke kremus-kremus mangan slada arepo ora seneng. Piye yo ben dheweke ngerti nek aku pengen mangan bakso meneh?

nDilalahe Kucing Klawu weruh pembantune Bakso prapatan dalan Bambanglipuro lagi ngangkat balungan lan duduh bakso seko njero arep dibuang. Iki nek tak dilati balungane mesti sing duwe bakso ngerti nek aku isih ngeleh.

Kucing klawu terus ndilati balungan sing didelehake ning nduwur godong gedhang. "Woo rasane gurih, enak banget" batine kucing klawu. Dheweke ndilati karo muni meong-meong ben mBak Dewi weruh nek dheweke isih ngelih.

Nanging mBak Dewi sing weruh Kucing Klawu ndilati balung malah kaget.
"Weee la, koweki ngelak tow kok ndilati duduh bakso. Iki loh tak wenehi susu murni" ujare mBak Dewi karo ngecurke susu ning gelas plastik ben diombe kucing klawu.

Kucing klawu mak jegagik, kaget! Kok malah diwenehi susu?. Dikirane dheweke ngelak terus ndilati kuah bakso sing tememplek ning balung. Wah aku dadi bingung ki. Wis pirang-pirang cara tak lakoni, sing duwe bakso durung ngerti nek aku isih ngelih.

Dumadakan kucing klawu weruh Mela nangis. Cah cilik sing mbiyen tau ngenehi mangan marang dheweke iku lagi digendong Ibune sing lagi dolan ning Bakso Bambanglipuro. Ibune tanggap terus ngenehi mangan marang Mela ben tangise meneng.

"Looh, lakok gampang carane. Rasah reko-reko, garek nangis wae, Ibune wis langsung ngerti nek pengen mangan" batine Kucing Klawu.

"Nek ngono aku tak meong-meong wae ben sing nduwe bakso ngerti nek aku isih ngelih"

Kucing klawu banjur meong-meong karo nyundul-nyundul sikile mBak Dewi. Mesthi wae mBak Dewi kaget, ning terus ngguyu.

"Woo, kowe ki isih ngeleh tow! Iki tak wenehi bakso urat maneh"

Kucing klawu seneng banget. Dheweke terus lingguh ngetamul mangan bakso urat.

Tulisan asli seko :
http://duniashinichi.blogspot.com
Diedit ulang bahasane karo Oyin.


Disclaimer
Oyin Ayashi admits that though we try to describe accurately, we cannot verify the exact facts of everything posted. Postings may contain Information, speculation or rumor. We find images from the Web that are believed to belong in the public domain. If any stories or photos that appear on the site are in violation of copyright law, please write in comment box and we will remove the offending section as soon as possible. (Oyiners = Blog reader)

Above article written by Unknown

bean
Hi there!, You just read an article Kucing klawu batal nglakoni diet . Thank you for visiting our blog. We are really enthusiastic in Blogging. In our personal life we spend time on photography, mount climbing, snorkeling, and culinary. And sometimes We write programming code.
«
Next
Newer Post
»
Next
Older Post

Silakan beri komentar dengan akun facebook Anda